Anti Lara Untu ala Wong Ganu
Jarene mbonge, ar lara untu kue gari disumpel karo uyah. Kue solusine wong kuna, nah masalahe saiki jaman wis modern, wis pada ngerti ar lara untu kue akeh sebabe. Sing dadi masalah kue ar wong tua ora gelem ngrungokna sing nom, di jek priksa meng dokter jarene "orahan, anu kayakie tok nganggo uyah be mari." padahal bisa bae kue anu wis parah.
Solusine apa? ar jeraku ya, salah siji solusi sing ampuh kue edukasi, tapi kudu wong sing nganggo seragam dokter. Bisane? kyeh tek nei ngerti wa!. Arane wong ganu kue esih percaya banget karo superioritas profesi karo senioritas umur, misale umure nom naha ar seragame meyakinkan ya dirungokna. Wong preman nganggo kupluk be dipercaya, apamaning perampok sing nganggo kupluk nganggo jas sing doyane joget ora nggenah kae.
Kie udu masalah kepercayaan, tapi sumber dasare kue biasane tetep sing ekonomi, ndean ya, kie tah ndean, wong tua ya sebenere ngerti kue bahaya. Tapi, daripada duite nggo priksa, mending nggo tuku sega tuku lawuh wedang kena dipangan wong akeh.

Deleng bae, kue wong kuna ar weruh anu kayakue, yakin aku tah, bakalan ninggal sendal neng lawang. Rika ora percaya? jal gawa bapane rika mene, ora ucul sendal tah tek bayari mangane sepisan(moh aku mbayari tritmene, larang, padabae ora ndue duit.).
Intine balike maning, misale ekonomine mending, wong sekuna apapaha naha ya bisa lan gelem priksa ar duite ana. Saiki kan tugase pimen wong sing ora ndue dadi ndue kan? Sing kudune tugase sing wis diamanati masyarakat, tapi pingkopangkaping rekyate koh digorohi terus, tambah mlarat tambah nlangsa uripe. Mung bisa ndonga unggal dina.
Ya wis kayakue bae nggo contoh tah ya, sing penting kie wis bekerja seperti seharuse. Walikumsalamwarohmatulohiwabarokatuh!!!
